Jumat, 09 November 2012

Tresna


Kanthi tresna kang suci
Mbanyu milir sajroning ati
Tresna ati kang awujud tirta jaladri
Kang bisa nggambarake rasa tresnaku marang sliramu
Sliramu ingkang tansah ngguya-ngguyu
Sliramu kang kaya dahana ing atiku
Dahana kang bisa ngleburake rasa tresna iki
Rasa tresna kang cumlorot ing atiku
Awujud candra ing pungkasaning kalbuku
Kang bisa nuwuhake angen-angen endah
Ingkang bisa gawe katentreman uripku lan uripmu




IKA MADYARINA .M.
SMAN 1 KALASAN

0 komentar:

Posting Komentar